Wednesday, April 30, 2008

Serat Sabdajati



Anggitane Pujangga agung Kraton Surakarta Raden Ngabehi Ronggowarsito kang wiyos ing tahun 1802. Miturut ature poro sepuh, ing pupuh iki panjenengane wis biso ngramal kapan bakal puput yuswo. Percoyo opo ora, tak sumanggakake panjengan sami.

Akeh pitutur kang banget agung ing kene tumrape kito kabeh kanggo urip bebrayan ing alam ndonya.

Aywa pegat ngudia ronging budyayu,
margane suka basuki,
dimen luwar kang kinayun,
kalis ing panggawe sisip,
ingkang taberi prihatos.

Ulatana kang nganti kisa kapangguh,
galedhahen kang sayekti,
talitinen aywa kleru,
larasen sajroning ati,
den tumanggap dimen manggon.



Pamanggonane aneng pangesthi rahayu,
angayomi ing tyas wening,
eninging ati kang suwung,
nanging sajatine isi,
isine cipta kang yektos.

Lakonana kalawan sabaring kalbu,
yen den obah neniwasi,
kasusupan setan gundhul,
ambebedhung nggawa kandhi,
isine rupiyah keton.

Lamun kongsi korup mring panggawe dudu,
dadi pakuwoning eblis,
klebu mring alam pakewuh,
ewuh pana ninging ati,
temah wuru kabesturon.

Nora kengguh mring pamardi reh rahayu,
ayuning tyas sipat kuping,
kinepung panggawe rusuh,
lali pasihaning Gusti,
ginuntingan kaya mernos.

Parandene kabeh kang samsya andulu,
ulap kelilipen wedhi,
akeh wong kang padha sujud,
kinira yen Jabaril,
kautus dening Hyang Manon.

Yen kang uning marang sajatining kawruh,
kewuhan sajroning ati,
yen tan niru ora arus,
uripe kaesi-esi,
yen nirua dadi asor.

Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,
anggelar sakalir-kalir,
kalamun temen tinemu
kabegjane anekani,
kemurahaning Hyang Manon.

Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun,
yen tementemen sayekti,
Allah aparing pitulung,
nora kurang sandhang bukti,
saciptanira kalakon.

Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur,
saka mangunahing Widdhi,
ambuka warananipun,
aling-aling kang ngalingi,
angalingkap temah katon.

Para janma sajroning jaman pakewuh,
kasudranira andadi,
daurune saya ndarung,
keh tyas mirong murang margi,
kasetyan wus ora katon.

Katuwone winawas dahat matrenyuh,
kenyaming sasmita yekti,
sanityaseng tyas malatkung,
kongas welase kapati,
sulaking jaman prihatos.

Waluyane benjing yen wis ana Wiku,
memuji ngesthi sawiji,
sabuk lebu lir majenun,
galibedan tudang-tuding,
anacahken sakehing wong

0 comments:

Post a Comment